Friday 27 April 2012

ILMU NAHWU JURUMIYAH BAHASA JAWA

alhamdulillah berikut ini adalah terjemahan dari kitab Al Ajurumiyah yang dapat jokosungsang bagikan dengan terjemah bahasa jawa.


Bismillahirrohmanirrrohim
Bab Kalam
Kalam inggih puniko pundi-pundi lafadz ingkang sampun murokkab, mufid soho wadho'.
Lafadz : pundi-pundi suanten ingkang mengku salah setunggalipun huruf hijaiyyah ingkang 28 (wolu likur). Nahwu Zaidun (zain, yak soho daal-ipun lafadz Zaidun puniko mengku salah setunngalipun huruf hiijaiyyah). Benten kaliyan suantenipun gendang, gong, gitar lan lentu-lentunipun ingkang mboten mengku salah setunngalipun huruf hijaiyyah.
Murokkab : pundi-pundi lafadz ingkang sampun dipun susun / jejer-jejer wonten kaleh lafadz sak peminggah. Sami ugi berfaedah utawi mboten kados lafadz ; in qooma zaidun.
Mufid : pundi-pundi perkawis ingkang sampun maedahi kanti sempurno. Seumpaminipun fi'il sampun nutur fa'il, mubtadak sampun nutur khobar, syarat sampun nutur jawab. Walhasil tuerap mutakalim sampun mboten betah tanglet maleh. Ewodene keterangan ingkang gegayutan kaliyan fi'il lan fail, mubtadak lan khobar, syarat lan jawab bade katerangaken wonten ing bab ingkang bade dumugi, insya Allah.
Wadho' : pundi-pundi lafadz ingkang sampun dipun sejo / dipun niati bade ngucapaken lafadz puniko deneng tiang arab ( tiang ingkang guneman ). Pramilo ucapanipun tiang ingkang nglindur, ayan, utawi tiang ingkang supe puniko mboten dipun wastani wadho'.
Dundumanipun kalam puniko wonten 3 (tigo) inggih puniko : kalimah isim, kalimah fi'il, kalimah huruf.
Kalimah isim : pundi-pundi kalimah ingkang nedahaken makna piambakipun kalimah, naminipun tiang, utawi barang tur mboten sesarengan kalian zaman utawi gampilipun dipun wastani KATA BENDA. Nahwu : zaidun (zaid), bakrun (bakar), umarun (umar), baitun (rumah), madrasah (sekolahan).
Kalimah fi'il : pundi-pundi kalimah ingkang nedahaken makna pendamelan (KATA KERJA).
· Menawi sesarengan kalian zaman madhi (zaman ingkang sampun kliwat "waktu lampau" ) puniko dipun wastani fi'il madhi. Nahwu : nashoro (menolong), dhoroba (memukul), jaa a (datang), madda (panjang).
· Menawi sesarengan kalian zaman chal (zaman ingkang saweg dipun adepi/leksanani "masa sekarang") utawi zaman istiqbal (zaman ingkang bade dipun leksanani "masa yang akan datang" ) puniko dipun wastani fi'il mudhori'. Nahwu : yanshuru (sedang/akan menolong), yasyhadu (sedang/akan menyaksikan), yamuddu (sedang/akan memanjang).
· Menawi sesarengan kalian zaman istiqbal tur tedah makna perintah puniko dipun wastani fi'il amar. Nahwu : unshur (tolonglah), isyhad (saksikanlah), ughzu (peranglah).
Kalimah huruf : kalimah ingkang waget nedahaken makna naliko kempal kalian kalimah ingkang lentu. Nahwu : hal, fii, lam. Tigo huruf meniko mbten nggadahi mana kejawi kempal kalian kalimah lentu. nahwu : hal qooma (berdirikah?), fii baiti ihsanin (di rumah ihsan), lam yaqum (belum berdiri).
Kalimah isim
Tetenger/alamatipun kalimah isim puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko :
1. I’rob Jer (harokat kasroh). Nahwu : ibnu zaidin (putra zaid).
2. Tanwin. Nahwu : zaidun.
3. Majing/mlebetipun Al (alif lam). Nahwu : albaitu.
4. Manjing/mlebetipun huruf jer (huruf ingkang waget ndadosaken kasroh wonten akhiripun kalimah isim). Nahwu : filmasjidi (di dalam masjid).
Keterangan : alif lam soho tanwin puniko mboten waget kempal dados setunggal (menawi sampun wonten alif lam, mboten kenging dipun panjingi tanwin) mekaten ugi sak wangsulipun.
Huruf jer (huruf ingkang waget ndadosaken kasroh wonten akhiripun kalimah isim) puniko wonten 10 (sedoso) inggih puniko :
1. Min (ngangge makna Ibtidak “kawitan”). Nahwu : sirtu minal baiti (saya berjalan dari rumah)
2. Ila (ngangge makna Intiha “pungkasan”). Nahwu : sirtu ilal masjidi (saya berjalan menuju masjid)
3. ‘an (ngangge makna Mujawazah “keliwat”). Nahwu : qumtu ‘anil kursiy (saya berdiri dari kursi)
4. ‘ala (ngangge makna Isti’la’ “ingatase”). Nahwu : jalastu ‘alal maq’adi (saya duduk di atas bangku)
5. Fii (ngangge makna Dhorof “ing dalem”). Nahwu : al maa u fil kuuzi (air itu di dalam kendi)
6. Rubba (ngangge makna Taqlil “terkadang”). Nahwu : rubba rojulin karimin laqoituhu (saya jarang berjumpa dengan seorang laki-laki yang mulia)
7. Bi (ngangge makna Ilshoq “tetemu”). Nahwu : marortu bibakrin (saya berjalan bertemu bakar)
8. Ka (ngangge makna Tasybih “madaake”). Nahwu : zaidun kal asadi (zaid seperti harimau)
9. La/li (ngangge makna Milkun “miliki”). Nahwu : alkitabu lizaidin (kitab itu milik zaid)
10. Huruf qosam : huruf ingkang kangge perabot/perlengkapan sumpah. Huruf qosam punko wonten 3 (tigo) inggih puniko : wawu, bak lan tak. Ananging ketigo huruf puniko waget kangge sumpah kedah kagandeng kalian lafadz Allah. Nahwu : Billahi, Wallahi, Tallahi (artosipun sami inggih puniko DEMI ALLAH)
Kalimah fi’il
Tetenger/alamatipun kalimah fi’il puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko :
1. Huruf Qod. Waget manjing wonten fi’il madhi lan fi’il mudhori’. Menawi manjing wonten fi’il madhi, qod puniko nggadahi makna estu-estu “benar-benar”. Nahwu : qod qooma amrun (amr benar-benar sudah berdiri). Lan menawi manjing wonten ing fi’il mudhori’, qod puniko nggadahi makna terkadang “kadang-kadang”/belum tentu. Nahwu : qod yaquumu zaidun (zaid kadang-kadang berdiri)
2. Huruf Sin. Khusus manjing wonten ing kalimah fi’il mudhori’. Sin ingkang manjing wonten kalimah fi’il mudhori’ puniko nedahaken bilih pendamelan puniko bade kalampahan wonten ing dalem wekdal ingkang antawis dangu. Nahwu : sayaquumu zaidun (zaid akan berdiri dalam waktu yang agak lama)
3. Huruf Saufa. Khusus manjing wonten kalimah fi’il mudhori’. Saufa ingkang manjing puniko ndadosaken pendamelanipun fi’il mudhori’ langkung dangu ketimbang sin. Nahwu : saufa yaquumu zaidun (zaid akan berdiri dalam waktu yang lama)
4. Huruf Ta’ ta’nits sakinah (ta’ yang mati). Khusus manjing wonten ing fi’il madhi. Ndadosaken fi’il madhi puniko kedah dipun gandeng kalian isim ingkang estri “perempuan”. Nahwu : qoomat hindun (hindun sudah berdiri). menawi dipun gandeng kalian kalimah isim jaler “laki-laki” mboten kenging/tidak sah/tidak diperbolehkan. Nahwu : qoomat zaidun (zaid sudah berdiri). Kalimah kados meniko mboten kenging/tidak diperbolehkan/salah besar.
Kalimah huruf
Tetenger/alamatipun kalimah huruf inggih puniko pundi-pundi kalimah ingkang mboten patut/pantes menawi dipun panjingi tetenger/alamatipun kalimah isim/fi’il. Nahwu : fii, ‘inda, laa. Fii, ‘inda lan laa puniko mboten patut menawi dipun panjingi tanwin dados fiin, utawi qod dados qodfii, semanten ugi huruf ingkang lentu.
Bab I’rob
I’rob inggih puniko : owah/malehipun akhiripun kalimah keranten benten-bentenipun ‘amil ingkang manjing, sami ugi owah ing ndalem lafadzipun Nahwu : jaa a zaidun, roaitu zaidan, marortu bizaidin. Utawi owah ing ndalem perkiraanipun Nahwu : jaa alfataa, roaitul fataa, marortu bilfataa.
Dundumanipun I’rob puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko :
1. I’rob Rafa’, Nahwu : jaa a zaidun (zaid datang)
2. I’rob Nashob, Nahwu : roaitu zaidan (saya melihat zaid)
3. I’rob Khofadz (jer), Nahwu : marortu bizaidin (saya berjalan bertemu dengan zaid)
4. I’rob Jazm, Nahwu : lam yaqum (tidak akan berdiri)
I’rob sekawan puniko ingkang waget manjing wonten ing dalem kallimah isim puniko wonten 3 (tigo) inggih puniko : I’rob rafa’, nahwu: zaidun qooimun, I’rob Nashob, nahwu : roaitu zaidan lan I’rob khofadz (jer), nahwu : marortu bizaidin.
Teras ingkang waget manjing wonten ing dalem kalimah fi’il puniko ugi wonten 3 (tigo) inggih puniko : I’rob rafa’, nahwu: yaquumu, I’rob nashob, nahwu : lan yaquuma lan I’rob jazm, nahwu : lam yaqum.
Bab Ma’rifat ‘Alamatil I’rob
Rafa’
I’rob Rafa’ puniko nggadahi alamat 4 (sekawan) inggih puniko :
1. Harokat Dhommah, nahwu : yanshuru zaidun (zaid akan/sedang menolong)
2. Huruf wawu, nahwu : jaa a muslimuuna (orang-orang Islam itu sudah datang semua)
3. Huruf alif, nahwu : jaa a rojulaani (kedua lelaki itu sudah datang)
4. Itsbat nun (tetepipun nun), nahwu : yaquumani (mereka berdua akan/sedang duduk)
Harokat Dhommah
Harokat Dhommah dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’ puniko manggen wonten ing 4 (sekawan) panggenan. Inggih puniko :
1. Isim Mufrod inggih puniko setunggalipun kalimah ingkang nedahaken makna setunggal, sami ugi jaler utawi estri. Nahwu : zaidun “jaler” (satu orang zaid), hindun “estri” (satu orang hindun)
2. Isim Jama’ Taksir inggih puniko pundi-pundi kalimah isim ingkang nedahaken makna kathah kanthi ngowahi/ngerubah saking mufrodipun. Nahwu : rijalun (laki-laki banyak) berasal sangking lafadz mufrod rojulun, hunuudun (hindun banyak) berasal sangking lafadz mufrod hindun
3. Isim Jama’ Muannats Saliim inggih puniko setunggalipun kalimah isim ingkang nggadahi makna estri kathah kanthi nambahi huruf alif lan ta’ wonten akhiripun kalimah isim mufrod. Nahwu : muslimaatun (orang islam perempuan banyak) berasal dari lafadz mufrod musllimun
4. Fi’il mudhori’ inggih puniko setunggalipun kalimah fi’il ingkang sesarengan kalian zaman chal (sekarang) atau zaman istiqbal (yang akan datang). Nahwu : yaquumu (dia (lk) akan/sedang berdiri), yanshuru (dia (lk) akan/sedang menolong), yaftachu (dia (lk) akan/sedang membuka)
Huruf Wawu
Huruf Wawu dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’ puniko manggen wonten ing 2 (kaleh) panggenan. Inggih puniko :
1. Isim Jama’ Mudzakkar Saalim inggih puniko setunggalipun kalimah isim ingkang nedahaken makna jaler kathah tur mboten owah sangking mufrodipun. Anggenipun ndadosaken jama’ mudzakar saalim puniko kantun nambahi huruf wawu lan nun wonten akhiripun kalimah isim mufrod puniko. Nahwu : Muslimuuna (orang islam laki-laki banyak) berasal sangking lafadz mufrod muslimun
2. Asmaaul khomsah (Isim ingkang 5 (gangsal)). rupinipun inggih puniko : abun (ayah), akhun (saudara laki-laki), chamun (paman), famun (mulut), dzu (yang mempunyai). Dene syaratipun asmaaul khomsah waget dados tetengeripun I’rob rafa’ inggih puniko kedah dipun mudhofaken (dipun gandeng kalian kalimah lentu). Nahwu : jaa a abuuka wa akhuuka wa chamuuka wa dzuumaalin wa fataha fuuka (ayahmu, saudara (lk) kamu, pamanmu dan orang yang mempunyai harta sudah datang dan mulutmu sudah terbuka).
Huruf Alif
Huruf Alif dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’ puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan inggih puniko Isim Tasniyah : setunggalipun kalimah isim ingkang nedahaken makna 2 (kaleh) sami ugi jaler nahwu : zaidaani (dua zaid) utawi estri nahwu : hindaani (dua hindun)
Itsbat nun (Nun)
Itsbat nun (Nun) dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’ puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan inggih puniko : kalimah fi’il mudhori’ ingkang akhiripun kepanjingan syaik.
Dene rupinipun syaik inggih puniko ;
1. Dhomir alif tasniyyah (dhomir ingkang nedahaken makna 2 (kaleh)). Nahwu : yaquumaani (mereka berdua akan/sedang berdiri), taquumaani (kamu berdua akan/sedang berdiri)
2. Dhomir wawu jamak (dhomir ingkang nedahaken makna kathah). Nahwu : yaquumuuna (mereka semua akan/sedang berdiri), taquumuuna (kamu semua akan/sedang berdiri)
3. Dhomir ya’ muannatsah mukhotobah (dhomir ingkang nedahaken makna estri kanggenipun tiang ingkang dipun ajak guneman). Nahwu : taquumiina (kamu (pr) akan/sedang berdiri)
Fi’il mudhori’ ingkang akhiripun pinanggih syaik puniko dipun wastani Af’aalul khomsah (fi’il ingkang 5 (gangsal))
Nashob
I’rob Nashob puniko nggadahi alamat/tetenger 5 (gangsal) inggih puniko ;
1. Harokat Fathah. Nahwu : lan anshuro zaidan (saya tidak akan menolong zaid)
2. Huruf Alif. Nahwu : roaitu abaaka (saya mellihat ayahmu)
3. Harokat Kasroh. Nahwu : roaitul muslimaati (saya sedang melihat orang islam (pr) banyak)
4. Huruf Yak. Nahwu : nashortu zaidaini/zaidiina (saya menolong kedua zaid/zaid banyak)
5. Hadzfunnun (membuang nun). Nahwu : lan tanshuroo (kamu (lk) dua tidak akan menolong)
Harokat Fathah
Harokat Fathah dados alamat/tetengeripun I’rob nashob puniko manggen wonten ing 3 (tigo) panggenan, inggih puniko ;
1. Isim mufrod inggih puniko setunggalipun kalimah ingkang nedahaken makna setunggal, sami ugi jaler utawi estri. Nahwu : roaitu zaidan wa hindan (saya melihat zaid dan hindun)
2. Isim Jama’ Taksir inggih puniko pundi-pundi kalimah isim ingkang nedahaken makna kathah kanthi ngowahi/ngerubah saking mufrodipun. Nahwu : roaitu rijaalan wa hunuudan (saya melihat lelaki banyak dan hindun banyak)
3. Fi’il mudhori’ ingkang kepanjingan ‘amil nashib (yang dapat menashobkan kalimah fi’il) lan akhiripun mboten pinanggih syaik. Nahwu : lan aquuma (saya tidak/belum berdiri)
Huruf Alif
Huruf Alif dados alamat/tetengeripun I’rob nashob puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ; Asmaaul Khomsah (isim ingkang 5 (gangsal)). Nahwu : roaitu abaaka wa akhooka wa chamaaka wa dzaa maalin wafatahtu faaka (saya melihat ayahmu, saudara (lk) kamu dan orang yang mempunyai harta dan saya membuka mulutmu)
Harokat Kasroh
Harokat Kasroh dados alamat/tetengeripun I’rob nashob puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko : Isim Jama’ muannats saalim (isim jama’ ingkang tedah makna estri “perempuan”). Nahwu : roaitul muslimaati (saya melihat orang islam (pr) banyak)
Huruf Yaak
Huruf Yaak dados alamat/tetengeripun I’rob nashob puniko manggen wonten ing 2 (kaleh) panggenan, inggih puniko ;
1. Isim tasniyah inggih puniko setunggalipun kalimah isim ingkang nedahaken makna 2 (kaleh) sami ugi jaler utawi estri. Nahwu : roaitu zaidaini wahindaini (saya melihat dua zaid dan dua hindun)
2. Isim jama’ mudzakkar saalim inggih puniko setunggalipun kalimah isim ingkang nedahaken makna jaler kathah tur mboten owah sangking mufrodipun. Anggenipun ndamel isim puniko wonten ing I’rob nashob inggih puniko kantun dipun tambah huruf yak lan nun wonten ing akhiripun kalimah isim mufrod kanthi huruf yak pejah, sakderengipun huruf yak puniko dipun harokati kasroh lan huruf saksampunipun huruf yak puniko dipun harokati fathah. Nahwu : roaitu zaidiina wa muslimiina (saya melihat zaid banyak dan orang islam (lk) banyak)
Hadzfunnun (membuang nun)
Hadzfunnun (membuang nun) dados alamat/tetengeripun I’rob nashob puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ; sedoyo fi’il ingkang wonten I’rob rafa’ dipun tengeri mawi tsubutunnun (nun). Nahwu : lan yaquumaa (kedua lelaki itu tidak berdiri), lan yaquumuu (dia (lk) banyak tidak berdiri), lan taquumuu (kamu semua tidak berdiri), lan taquumaa (kamu berdua tidak berdiri), lan taquumuu (kamu semua tidak berdiri), lan taquumii (kamu (pr) tidak berdiri)
Khofadz (Jer)
I’rob jer puniko nggadahi alamat/tetenger 3 (tigo) inggih puniko ;
1. Harokat kasroh. Nahwu : marortu bizaidin (saya berjalan bertemu dengan zaid)
2. Huruf yak. Nahwu : marortu bizaidiina (saya berjalan bertemu dengan zaid banyak)
3. Harokat Fathah. Nahwu : marortu biahmada (saya berjalan bertemu dengan ahmad)
Harokat kasroh
Harokat Kasroh dados alamat/tetengeripun I’rob jer puniko manggen wonten ing 3 (tigo) panggenan, inggih puniko ;
1. Isim mufrod munshorif inggih puniko setunggalipun isim ingkang nedahaken makna seunggal sami ugi jaler utawi estri ingkang kenging dipun tanwin. Nahwu : marortu bizaidin (saya berjalan bertemu dengan zaid)
2. Isim jama’ taksir munshorif inggih puniko pundi-pundi kalimah isim ingkang nedahaken makna kathah kanthi ngowahi/ngerubah saking mufrodipun lan ingkang waget dipun tanwin. Nahwu : marortu birijaalin (saya berjalan bertemu dengan beberapa laki-laki)
3. Isim jama’ muannats saalim inggih puniko setunggalipun kalimah isim ingkang nggadahi makna estri kathah kanthi nambahi huruf alif lan ta’ wonten akhiripun kalimah isim mufrod. Nahwu : marortu bilmuslimaati (saya berjalan bertemu dengan beberapa orang islam (pr))
Huruf Yak
Huruf Yak dados alamat/tetengeripun I’rob jer puniko manggen wonten ing 3 (tigo) panggenan, inggih puniko ;
1. Asmaaul khomsah (Isim ingkang 5 (gangsal)). Nahwu : marortu biabiika wa akhiika wachamiika wa dziimaalin wa aftahtul baaba bifiika (saya berjalan bertemu dengan ayahmu, saudara (lk) kamu, pamanmu dan orang yang mempunyai harta dan saya membukakan pintu dengan mulutmu)
2. Isim tasniyah (isim yang mempunyai makna 2 (dua)). Nahwu : marortu bizadaini (saya berjalan bertemu dengan dua zaid)
3. Isim jama’ mudzakkar saalim (isim yang mempunyai makna banyak “lebih dari dua”). Nahwu : marortu bizaidiina (saya berjalan bertemu dengan zaid banyak)
Harokat Fathah
Harokat Fathah dados alamat/tetengeripun I’rob jer puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ; isim ghoiru munshorif (isim ingkang mboten nerimo tanwin) inggih puniko isim ‘alam (naminipun tiang, kadosto ; Ibrohim, Isma’il), asma ‘ajam (bahasa ingkang sak lentunipun bahasa arab, kadosto ; Iraq, mesir, Indonesia). Nahwu : marortu biahmada (saya berjalan bertemu dengan ahmad)
Jazm
I’rob jazm puniko nggadahi alamat/tetenger 2 (kaleh) inggih puniko ;
1. Sukun (mati). Nahwu : lam yaqum (saya tidak berdiri)
2. Hadzfu (membuang). Nahwu : lam yaquumaa (mereka berdua tidak berdiri)
Sukun
Sukun dados alamat/tetengeripun I’rob jazm puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ; Fi’il mudhori’ ingkang shohihul aakhir (huruf akhir fi’il mudhori’ puniko mboten rupi wawu, alif utawi yak). Nahwu : lam yaqum (dia (lk) tidak berdiri), lam tanshur (kamu (lk) tidak menolong).
Hadzfu
Hadzfu dados alamat/tetengeripun I’rob jer puniko manggen wonten ing 2 (kaleh) panggenan, inggih puniko ;
1. Fi’il mudhori’ mu’tal akhir (fi’il mudhori’ ingkang akhiripun rupi huruf wawu, alif utawi yak) puniko dipun tengeri mawi bucal huruf ‘illatipun (wawu, alif lan yak) ingkang wonten akhiripun kalimah fi’il puniko. Nahwu : lam yaghzu (dia (lk) tidak berkelahi) asalipun inggih punikko lam yaghzuu, lam tarmi (kamu (lk) tidak sedang melempar) asalipun inggih puniko lam tarmii.
2. Af’aalul khomsah ingakng I’rob rafa’ dipun tengeri mawi tsubutunnun (nun). Wonten ing I’rob jazm puniko dipun tengeri mawi hadzfunnun (buang nun). Nahwu : lam yaf’alaa (mereka berdua tidak melakukan pekerjaan), lam taf’alaa (kamu berdua tidak melakukan pekerjaan), lam yaf’aluu (mereka tidak melakukan pekerjaan), lam taf’aluu (kamu semua tidak melakukan pekerjaan), lam taf’alii (kamu (pr) tidak melakukan pekerjaan). Asalipun inggih puniko ; yaf’alaani, taf’alaani, yaf’aluuna, taf’aluuna, taf’aliina.
Fashlun
Kalimah ingkang kenging dipun I’rob puniko wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko :
1. Dipun I’rob mawi harokat
2. Dipun I’rob mawi huruf
I’rob mawi harokat
Kalimah ingkang dipun I’rob mawi harokat puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko ;
1. Isim mufrod
2. Isim jama’ taksir
3. Isim jama’ muannats saalim
4. Fi’il mudhori’ ingkang akhiripun mboten rupi syaik
Sedoyo kalimah ingkang kasebat wonten nginggil puniko I’rob rafa’-ipun dipun tengeri mawi harokat dhommah, nashob mawi harokat fathah, khofadz (jer) mawi harokat kasroh lan jazm mawi sukun kejawi kalimah tigo wonten ing ngandap puniko ;
1. Isim jama’ muannats saalim nashob-ipun dipun tengeri mawi harokat kasroh
2. Isim ghoiru munshorif (isim ingkang mboten nerimo tanwin) khofadz (jer)-ipun dipun tengeri mawi harokat fathah
3. Fi’il mudhori’ ingkang akhiripun rupi ‘illat (huruf wawu, alif utawi yak) jazm-ipun dipun tengeri mawi hadzfu harfil ‘illat (mbucal huruf ‘illat)
I’rob mawi huruf
Kalimah ingkang dipun I’rob mawi huruf puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko ;
1. Isim tasniyah (isim ingkang nedahaken makna 2 (kaleh)) puniko I’rob rafa’-ipun dipun tengeri mawi huruf alif, I’rob nashob lan jer-ipun dipun tengeri mawi huruf yak
2. Isim jama’ mudzakkar saalim (isim ingkang nedahaken makna jaler kathah) puniko I’rob rafa’ dipun tengeri mawi huruf wawu, I’rob nashob lan jer-ipun dipun tengri mawi huruf yak
3. Asmaaul khomsah (isim ingkang 5 (gangsal)) puniko I’rob rafa’-ipun dipun tengeri mawi huruf wawu, I’rob nashob-ipun dipun tengeri mawi huruf alif lan I’rob jer-ipun dipun tengeri mawi huruf yak
4. Af’aalul khomsah (fi’il ingkang 5 (gangsal)) puniko I’rob rafa’-ipun dipun tengeri mawi tsubutunnun (tetepipun nun), I’rob nashob lan jazm-ipun dipun tengeri mawi hadzfunnun (mbuang nun)
Babul Af’aal
Kalimah fi’il puniko wonten werni 3 (tigo) inggih puniko ;
1. Fi’il madhi inggih puniko pundi-pundi kalimah ingkang nedahaken makna kanthi piambakipun kalimah tur sesarengan kalian zaman madhi (zaman ingkang sampun dipun lampahi). Tetengeripun kalimah fi’il madhi inggih puniko akhiripun patut dipun panjingi tak ta’nis sakinah (huruf tak ingkang pejah ingkang kangge nedahaken makna estri “perempuan”. Nahwu : nashoro … nashorot. Kalimah fi’il puniko dipun fathah akhiripun selami-laminipun, wonten kalanipun fathah puniko dhohir kados lafadz nashoro (menolong) utawi fathahipun muqoddar kados lafadz saroo (berjalan), fatahtu (saya membuka) ”fathahipun fi’il madhi dipun sukun”, fatahuu (mereka membuka) ”harokat fathahipun fi’il madhhi dipun gantos dhommah”.
2. Fi’il mudhori’ inggih puniko pundi-pundi kalimah fi’il ingkang nedahaken makna kanthi piambakipun kalimah ingkang sesarengan zaman chaal (zaman ingkang saweg dipun lampahi) utawi zaman istiqbaal (zaman ingkang bade dipun lampahi). Tetengeripun puniko dipun kawiti salah setunggalipun huruf mudhoro’ah inggih puniko ; hamzah = anshuru (saya akan menolong), nuun = nanshuru (kita akan menolong), yak = yanshuru (dia (lk) akan menolong), taak = tanshuru (kamu (lk) akan menolong atau dia (pr) akan menolong). Fi’il mudhori’ puniko dipun rafa’aken selawasipun kejawi kepanjingan ‘amil nashib (ingkang waget ndadosaken fi’il mudhori’ dados nashob) utawi ‘amil jazim (ingkang waget ndadosaken fi’il mudhori’ dados jazm).
Ewondenten ‘amil nashib puniko wonten 10 (sedoso) inggih puniko :
a) An, nahwu : yuhibbuni antaftahal baaba (dengan kamu membuka pintu itu, hatiku menjadi senang)
b) Lan, nahwu : lan aquuma (saya tidak akan bangun)
c) Idzan, nahwu : idzan ukrimuka (ketika itu, aku akan memuliakanmu)
d) Kay, nahwu : nashortu kay aakhudzul maala (saya akan menolong supaya saya mendapat uang)
e) Laamu kay, nahwu : ji’tu liaqroal qur’aana (aku datang supaya aku membaca al-qur’an)
f) Laam juhud, nahwu : wamaa kaanallohu liyu’adzdzibahum (tidaklah Allah ingin menyiksa mereka)
g) Chatta, nahwu : chattaa adkhulal jannata (sehingga aku masuk ke surga)
h) Jawab bil faa’, nahwu : aqbil fauhsina ilaika (menghadaplah, maka aku akan berbuat baik kepadamu)
i) Jawab bil waawi, nahwu : laa tadkhulil baita wau’adzdzibaka (janganlah kamu masuk ke rumah itu besertaan ketika kamu masuk, aku akan menyiksamu)
j) Jawab bi au, nahwu : uqtulil kaafiro au yuslima (bunuhlah orang kafir itu! Jika tidak ajaklah dia menjadi muslim)
Wondenten ‘amil jazim puniko wonten 18 (wolulas) inggih puniko ;
a) Lam, nahwu : lam aqum (saya tidak akan berdiri)
b) Lammaa, nahwu : lammaa yaghzuu ihsaanun (ihsan sudah tidak perang)
c) Alam, nahwu : alam nashroh laka shodroka? (apakah aku belum membuka dadamu?)
d) Alammaa, nahwu : alammaa uhsin ilaika? (apakah aku belum berbuat baik kepadamu?)
e) Laam amr, nahwu : liyunfiq dzuu sa’atin (bernafaqohlah bagi yang mempunyai kelebihan nikmat)
Laam du’a, nahwu : liyaqdhi ‘alainaa robbuka (supaya tuhanmu mencukupi kita)
f) Laa nahi, nahwu : laa taqum ‘indii (janganlah berdiri di depanku)
Laa du’a, nahwu : robbanaa laa tuaakhidznaa (wahai tuhan kami, janganlah engkau menyiksa kami)
g) In, nahwu : in qooma zaidun qumtu (jika zaid berdiri, maka aku juga berdiri)
h) Maa, nahwu : wamaa af’aluu ya’lamhuullohu (sesuatu yang aku kerjakan pastilah Allah mengetahuinya)
i) Man, nahwu : man yaf’al bihoirin ya’lamhu (barang siapa berbuat kebaikan, maka dia akan mengetahuinya)
j) Mahmaa, nahwu : mahmaa taqum aqum (ketika kamu berdiri, aku juga berdiri)
k) Idzmaa, nahwu : idzmaa yaqum bakrun aqum (jika bakar berdiri, maka aku juga berdiri)
l) Ayyun, nahwu : ayyun taf’al af’al (dimanapun ketika kamu melakukan pekerjaan, aku melakukannya juga)
m) Mataa, nahwu : mataa ta’tinaa ukrimuka (ketika kamu datang kepadaku, aku akan memuliakanmu)
n) Ayyaana, nahwu : ayyaana taqum aqum ma’aka (dimanapun kamu berdiri akupun berdiri disampingmu)
o) Aina, nahwu : aina tajlis ajlis ma’aka (dimanapun kamu duduk, akupun duduk disampingmu)
p) Annaa, nahwu : annaa taq’ud aqum (ketika kamu duduk, maka aku berdiri)
q) Haitsumaa, nahwu : haitsumaa tastaqim yuqoddir lakallohu najaahan fii ghoobiril azmaan (ketika kamu beristiqomah, maka Allah akan mentaqdir dirimu menjadi orang yang selamat di akhir zaman)
r) Kaifamaa, nahwu : kaifamaa taqro’ aqro’ ma’aka (bagaimanapun kamu membaca, akupun membaca sama sepertimu)
s) Idza khusus manggen wonten ing syi’ir. Nahwu : istaghni maa aghnaaka robbuka bilghinaa * waidza tushibka khoshoshotun fatahammali (bercuukup-cukuplah kamu, maka tuhanmu akan membutmu menjadi kaya * dan ketika kamu dilanda kekurangan, kamu akan tetap bertahan atas cobaan itu)
3. Fi’il amar inggih puniko setunggalipun kalimah fi’il ingkang nedahaken makna perintah tur sesarengan kalian zaman istiqbaal (zaman ingkang bade dpun lampahi). Dene tetengeripun inggih puniko patut dipun panggihi yak muannatsah mukhotobah (huruf yak ingkang maedahi kangge tiang ingkang dipun ajak guneman ingkang estri). Nahwu : uf’ul …. Uf’ulii. Fi’il amar puniko dipun jazemaken (dipun sukun) selawasipun. Kejawi naliko pinanggih syaik dados mabni hadzfunnun, naliko pinanggih huruf ‘illat dados mabni hadzfu harfil ‘illat, naliko pinanggih nun taukid tsaqilah utawi khofifah dados mabni fathah.
Bab Marfuu’atil Asmaa
Isim ingkang dipun rafa’aken puniko wonten 7 (pitu) inggih puniko ;
1. Faa’il inggih puniko setunggalipun isim ingkang dipun tutur fi’ilipun wonten sakderengipun fa’il puniko. Isim fa’il dipun bagi dados 2 (kaleh) inggih puniko ;
a) Isim dhohir inggih puniko isim ingkang nedahaken seunggalipun perkawis kanthi mboten mawi qorinah ghoibah utawi hudzur. Nahwu : qooma zaidun (zaid berdiri), qoomatil hunuudu (beberapa hindun berdiri), qooma akhuuka (saudara (lk) kamu berdiri).
b) Isim dhomir inggih puniko isim ingkang lafadzipun nedahaken makna mutakallim (aku), mukhotob (siro), ghoib (deweke). Nahwu : qumtu, qumnaa, qumta, qumti, qumtuma, qumtum, qumtunna, qooma, qoomaa, qoomataa, qoomuu, qumna (aku berdiri, kita berdiri, kamu (lk) berdiri, kamu (pr) berdiri, kamu berdua berdiri, kamu semua (lk) berdiri, kamu semua (pr) berdiri, dia (lk) berdiri, mereka berdua (lk) berdiri, mereka berdua (pr) berdiri, mereke semua (lk) berdiri, mereka semua (pr) berdiri)
2. Maf’ul lam yusamma fa’iluhu inggih puniko maf’ul ingkang ngenggen-nggeni panggenanipun fa’il kanthi mboten nutur fa’il, lan isim puniko dumawah saksampunipun fi’il ingkang mabni majhul. Nahwu : futihal baabu (pintu itu terbuka). Anggenipun ndamel fi’il ingkang mabni majhul inggih puniko menawi fi’il madhi dipun dhommah huruf ingkang awal lan dipun kasroh huruf sakderengipun akhir, nahwu : fataha dados futiha. Dene menawi fi’il mudhori’ inggih puniko dipun dhommah huruf ingkang kawitan lan dipun fathah huruf sakderengipun akhir, nahwu: yaftahu dados yuftahu. Maf’ul lam yusamma fa’iluhu puniko ugi dipun bagi dados 2 (kaleh) inggih puniko ;
a) Isim dhohir, nahwu : futihal baabu (pintu itu dibuka), yuftahul baabu (pintu itu akan dibuka), yukromu zaidun (zaid itu dimuliakan)
b) Isim dlomir, nahwu : futihtu, futihna, futihta, futihti, futihtumaa, futihtum, futihtunna, futiha, futihat, futihaa, futihataa, futihuu, futihna (aku dibuka, kita dibuka, kamu (lk) dibuka, kamu (pr) dibuka, kamu berdua dibuka, kamu semua (lk) dibuka, kamu semua (pr) dibuka, dia (lk) dibuka, dia (pr) dibuka, dia berdua dibuka,mereka semua (lk) dibuka, mereka semua (pr) dibuka)
3. Mubtadak lan khobar inggih puniko setunggalipun tarkib ugi ingkang dipun rafa’aken ingkang setunggal kalian setunggalipun puniko saling gegantungan. Nahwu : zaidun qooimun (zaid berdiri) “lafadz zaidun dados mubtadak lan lafadz qooimun dados khobar”.
Mubtadak puniko dipun bagi dados 2 (kaleh) inggih puniko dzohir lah dlomir. Ingkang dhohir kados isim ingkang sampun dipun tutur wonten ngajeng, nahwu : zaidun, bakrun, baitun lan lentu-lentunipun. Dene ingkang dlomir inggih puniko : huwa, humaa, hum, hiya, hunna, anta, antumaa, antum, anti, antunna, ana, nahnu (dia (lk), dia berdua (lk/pr), mereka (lk), dia (pr), mereka (pr), kamu (lk), kamu berdua (lk/pr), kamu semua (lk), kamu (pr), kamu semua (pr), saya, kita)
Dene khobar puniko ugi wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko mufrod lan ghoiru mufrod.
Ø Khobar mufrod , nahwu : zaidun qooimun, zaidaani qooimaani, zaiduuna qooimuuna
Ø Khobar ghoiru mufrod puniko wonten werni 4 (sekawan) inggih puniko : jar majrur nahwu zaidun fiddaari (zaid di rumah), dzorof nahwu zaidun ‘indaka (zaid di sampingmu), fi’il lan fa’il nahwu zaidun qooma abuuhu (ayah zaid itu berdiri), mubtadak khobar nahwu zaidun ibnuhuu qooimun (anak zaid itu berdiri)
‘amil ingkang manjing lan waget ngrubah susunanipun mubtadak lan khobar puniko wonten 3 (tigo) inggih puniko;
Ø Kaana lan sederekipun puniko ngrafa’aken mubtadak lan nashobaken khobar, nahwu : zaidun qooimun dados kaana zaidun qooiman (zaid berdiri). Dene sederekipun kaana inggih puniko : amsaa (manjing esuk), ashbaha (manjing esuk), adlzha (manjing wektu dluha), dzolla (wis dadi), baata (sewengi-wengi), shooro (dadi), laisa (ora ono), maa zaala (ora ilang-ilang), maa infakka (ora wis-wis), maa fati a (ora lebar-lebar), maa bariha (ora liren-liren), maa daama (selagine langgeng) lan perkawis ingkang dipun tashrif saking lafadz ingkang sampun kasebat. Nahwu : kaana yakuunu kun (ada, aka nada, jadilah)
Ø Inna lan sederekipun puniko nashobaken mubtadak lan ngerafa’aken khobaripun, nahwu : zaidun qooimun dados inna zaidan qooimun (zaid berdiri). Dene sederekipun inna inggih puniko : anna (setuhune), lakinna (tetapine), kaanna (koyo-koyo setuhune), laita (menawane), la’alla (menawane). Nahwu : laita bakrun munfaridan (seumpama bakar itu sendirian)
Ø Dzonna puniko ndadosaken mubtadak lan khobar dados maf’ul kalehipun dzonna, nahwu : zaidun qooimun dados dzonantu zaidan qooiman (saya mengira zaid itu berdiri). Dene sederekipun dzonna “dzonantu” inggih puniko : hasibtu (nyono sopo ingsun), khiltu (nyono sopo ingsun), za’amtu (nyipto sopo ingsun), roaitu (nekodake sopo ingsun), ‘alimtu (ngyakinake sopo ingsun), wajadtu (wes nemu sopo ingsun), ittakhodztu (ngalap sopo ingsun), ja’altu (ndadeake sopo ingsun), sami’tu (ngerungu sopo ingsun). Nahwu : ‘alimtu zaidan qooiman (aku yakin bahwa zaid itu berdiri)
4. Na’at inggih puniko isim ingkang anut dating man’ut (perkawis ingkang dipun anut) ing dalem babagan 4 (sekawan) perkawis, inggih puniko ;
Ø I’rob-ipun
Rafa’, nahwu : jaa zaidun al ‘aaqilu (zaid yang berakal itu sudah datang), nashob, nahwu : roaitu zaidan al ‘aaqila (saya melihat zaid yang berakal), khfadz (jer),nahwu : marortu bizaidin al ‘aaqili (saya berjalan bertemu dengan zaid yang berakal),
Ø Ta’rif-ipun
Isim Ma’rifat (isim ingkang sampun dipun mangertosi kahananipun) puniko wonten werni 5 (gangsal) inggih puniko : isim dlomir nahwu ana (saya), anta (kamu) lan lentu-lentunipun, isim ‘aalam (isim ingkang tedah makna barang/perkawis wonten ing ngalam dunyo) nahwu : zaidun (zaid), bakrun (bakar), makkata (makah), ‘umaru (umar) lan lentu-lentunipun, isim isyaroh (isim ingkang kengge isarat) nahwu : hadza (inilah), dzalika (itulah) lan lentu-lentunipun, isim ingkang kepanjingan al ta’rif nahwu al baitu (rumah itu), al masjidu (masjid itu), al ghulaamu (ghulam itu), al fulaanu (fulan itu) lan letu-lentunipun, isim ingkang mudhof dating kalimah isim ingkang lentu nahwu baitu zaidin (rumah zaid), abuu bakrin (ayah dari bakar), ibnu ihsaanin (putra dari ihsan), baitul maal (rumah harta) lan lentu-lentunipun.
Isim nakiroh (isim ingkang maknanpun sumerambah) dateng jenis “mboten tertentu dateng setunggal jenis” nahwu : rojulun (lelaki), baitun (rumah), jamiilun (bagus) lan lentu-lentunipun. Dene pelanggeranipun isim nakiroh inggih puniko pundi-pundi wonten kalimah isim patut menawi dipun panjingi al (alif laam).
Ø Tadzkir-ipun
Mudzakkar inggih puniko isim ingkang tedah makna jaler “laki-laki” nahwu : jaa a zaidun al ‘aaqilu (zaid yang berakal itu sudah datang), roaiturrojulal kariima (saya melihat lak-laki yang mulia)
Muannats inggih puniko isim ingkang tedah makna estri “perempuan” nahwu : roaitul muslimaati ashsholihaati (saya melihat beberapa orang muslim (pr) yang shollihah), marortu bihhindin al ‘aaqilati (saya berjalan bertemu dengan hindun yang berakal)
Ø Tafrid-ipun
Mufrod inggih puniko isim ingkang tedah makna setunggal nahwu marortu birojulin kariimin (saya berjalan bertemu dengan laki-laki yang mulia) “lafadz kariimin dados na’atipun lafadz rojulin
Tasniyyah inggih puniko isim ingkang tedah makna 2 (kaleh) nahwu : laqoitu birojuulaini karimaini (saya berjumpa dengan dua orang laki-laki yang mulia keduanya) “lafadz kariimaini dados na’at saking lafadz rojuulaini”
Jama’ inggih puniko isim ingkang tedah makna kathah (tigo sak peminggah) nahwu : roaitu zaidiina kaarimiina (saya melihat zaid banyak yang mulia semuanya) “lafadz kaarimiina dados na’atipun lafadz zaidiina”
5. ‘athof inggih puniko isim ingkang dipun anutaken dateng isim ingkang dumawah sakderangipun mawi perabot (huruf) ’athof. Dene huruf athof puniko wonten 10 (sedoso) inggih puniko ;
Ø Wawu, nahwu : jaa a zaidun wa ‘amrun (zaid dan umar sudah datang)
Ø Faa’, nahwu : roaitu zaidan fa bakron (saya melihat zaid lalu saya melihat bakar)
Ø Tsumma, nahwu : marortu bizaidin tsumma bakrin (saya berjalan bertemu zaid lalu bakar)
Ø Au, nahwu : jaa a ahmadu au khoolidin (ahmad atau kholid sudah datang)
Ø Am, nahwu : jaa at hindun am faathimatu (hindun atau Fatimah sudah datang)
Ø Immaa, nahwu : al insaanu immaa rojulun waimmaa nisaa’un (manusia itu adakalanya laki-laki dan adkalanya perempuan)
Ø Bal, nahwu : ma jaa a zaidun bal ‘amrun (zaid tidak datang melainkan umar)
Ø Laa, nahwu : roaitu bakron laa abaaka (saya melihat bakar, bukan ayahmu)
Ø Laakin, nahwu : laa yaquumu zaidun lakin bakrun (bukanlah zaid yang berdiri melainkan bakar)
Ø Hattaa, nahwu : akaltussamakata hattaa ro’saha (saya memakan ikan sampai kepalanya)
6. Taukid inggih puniko isim ingkang kangge ngiataken guneman mawi perabot (huruf) taukid. Dene huruf taukid puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko:
Ø Nafsun, nahwu : roaitu zaidan nafsahu (saya melihat zaid sendirian)
Ø ‘ainun, nahwu : jaa at hindun ‘ainuha (diri hindun sudah datang)
Ø Kullun, nahwu : jaa al qoumu kulluhum (qoum itu sudah datang semuanya)
Ø Ajma’u, nahwu : roaitul qouma ajma’uhum (saya melihat qoum itu seluruhnya)
Lafadz ingkang waget nggantosi lafadz ajma’u inggih puniko : akta’u, abta’u, absho’u. semua lafadz tersebut mempunyai makna yang sama yaitu seluruhnya.
7. Badal inggih puniko setunggalipun isim ingkang manut dateng mubdal minhu (isim ingkang dipun badali) kanthi mboten mawi perabot (huruf). Dene tarkib badal puniko wonten werni 4 (sekawan) inggih puniko :
Ø Badal syaik minasysyaik utawi dipun sebat badul kull min kull inggih puniko setunggalipun kalimah ingkang badalipun puniko termasuk kahananipun mubdal minhu. Nahwu : jaa a zaidun akhuuka (zaid “saudara laki-laki kamu” sudah datang)
Ø Badal ba’dl min kull inggih puniko setunggalipun kalimah ingkang badalipun puniko setengahipun bagian saking mubdal minhunipun. Nahwu : akaltussamakata tsulutsahu (saya memakan ikan sepertiganya)
Ø Badal isytimaal inggih puniko pundi-pundi badal ingkang kawontenan badal puniko dipun wengku wonten mubdal minunipun. Nahwu : nafa’a zaidun ‘ilmuhu (ilmu zaid itu dapat bermanfaat)
Ø Badal gholath inggih puniko tarkib badal ingkang lepat ngangge artos bilih badalipun puniko mboten kahananipun utawi setengahipun bagianipun mubdal minhunipun. Nahwu : rokibtu zaidan alfarosa (saya naik zaid (kuda))
Bab Manshubatil Asmaa
Isim ingkang dipun nashobaken puniko wonten 15 (gangsal welas) inggih puniko ;
1. Maf’ul bih inggih puniko kalimah ingkang dipun nashobaken ingkang dumawah saksamppunipun pendamelanipun fa’il. Nahwu : rokibtul farosa (saya naik kuda). Maf’ul bih puniko wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko isim dzohir, nahwu : rokibtul farosa (saya naik kuda) lan isim dlomir. Isim dlomir puniko wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko muttashil lan munfashil, dene dlomir muttashil kadosto : fatahanii (mbukak ing ingsun), fatahaka (mbukak ing siro), fatahakum (mbukak ing siro lanang akeh) lan lentu-lentunipun, lan dlomir munfashil kados : iyyaaya (ing ingsun), iyyaanaa (ing kito), iyyaaka (ing siro lanang siji), iyyaakuma (ing siro 2 (loro)), iyyaakum (ing siro lanang akeh) lan lentu-lentunipun.
2. Mashdar inggih puniko isim ingkang dipun nashobaken ingkang dumawah kaping tigonipun tashrif kalimah fi’il. Mashdar puniko wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko lafdzi lan maknawi. Ingkang lafdzi kados lafadz : qotaltuhu qotlan (aku membunuhnya dengan sebenar-benarnya membunuh) “mashdaripun rupi lafadz qotlan sami kalian fi’ilipun inggih puniko qotaltu”, dene ingkang maknawi kados lafadz : jalstu qu’uudan (saya duduk dengan sebenar-benar duduk) “mashdaripun rupi lafadz qu’uudan mbenteni fi’ilipin inggih puniko jalastu, ananging nggadahi makna ingkang sami inggih puniko Lungguh”
3. Dzorof inggih puniko pundi-pundi kalimah ingkang nedahaken makna zaman (dzorof zaman)/panggenan (dzorof makan). Dzorof zaman kados lafadz : akaltu lailatal itsnaini (saya makan pada malam senin), dzahabtu minalbaiti bukrotan (saya pergi dari rumah pagi-pagi sekali), al insaanu la yahyaa Abadan (manusia itu tidak hidup selamanya). Dene dzorof makan kados lafadz : al ustaadzu amaamashshinfi (guru itu di depan kelas), qumta ‘indii (kamu berdiri di desampingku), jalasa zaidun ‘alal kursiyyi (zaid duduk di atas kursi)
4. Chaal inggih puniko isim ingkang nerangaken setunggalipun isim ingkang tasih samar tingkahipun, chaal puniko kedah isim nakiroh lan edah tumibo sak sampunipun sempurnanipun kalam. Nahwu : laqoitu ‘abdallohi rookiban (saya bertemu abdullah naik kendaraan), jaa at faathimatu rookiban (Fatimah datang dengan naik kendaraan), jaa a zaidun syaakhishon (zaid datang dengan sendirian)
5. Tamyiz inggih puniko isim ingkang mertelaaken kahananipun (dzat) isim ingkang samar lan kedah tumibo nakiroh lan sak sampunipun sempurnanipun kalam. Nahwu : thooba muhammadun nafsan (diri Muhammad itu baik sekali), isytaroitu tsalaatsan kitaaban (saya membeli tiga buah kitab), zaidun akromu minka aban wa umman (ayah dan ibu zaid itu lebih baik daripada kamu)
6. Istisnaa’ inggih puniko pengecualian/penjabaan, huruf ingkang kangge perabot istisnaa’ puniko wonten 8 (wolu) inggih puniko : illa (kejobo/kecuali), ghoiru (sakliane/selain), siwan (selain), suwan (selain), sawaaun (selain), kholaa (selain), ‘adaa (selain), chaasyaa (selain). Istisnaa’ ngangge illa puniko naliko kalamipun kalam taamm muujab (kalam ingkang sepi saking naïf) puniko istisnaa’ipun kedah nashob. Nahwu : qoomal qoumu illa zaidan (qoum itu berdiri kecuali zaid), dene menawi kalamipun puniko kalam manfi (kalam ingkang dipun kawiti huruf naïf) puniko istisnaa’ipun kenging dipun rafa’aken lan dipun nashobaken. Nahwu : maa qoomal qoumu illa zaidan/zaidun (qoum itu tidak berdiri kecuali zaid), dene menawi istisnaa’ mawi kholaa, ‘adaa lan chasyaa puniko kengng dipun nashobaken lan kenging dipun jeraken. Nahwu : qoomal qoumu chasyaa zaidan/zaidin wa ‘adaa bakron/bakrin wa kholaa ihsaanan/ihsaannin (qoum itu berdiri kecuali zaid, bakar dan ihsan)
7. Laa linafyil jinsi. Nahwu : laa rojula filbaiti (tiada seorangpun di dalam rumah), laa ilaaha illallohu (tiada tuhan selain Allah)
8. Munadaa inggih puniko setunggalipun perabot ingkang kangge pengundang. Dene isim ingkangdipun nashobaken mawi munaada puniko wonten 3 (tigo) inggih puniko ;
Ø Isim nakiroh ghoiru maqshudah inggih puniko rupi isim nakiroh ingkang mboten dipun sejo, nahwu : yaa rojulan aqbil (wahai lelaki menghadaplah)
Ø Mudlof. Nahwu : yaa rosulallohi (wahai utusan Allah)
Ø Syibhul mudlof. Nahwu : yaa thooli’an jabalan (wahai orang yang naik gunung)
9. Maf’ul min ajlihi isim utawi mashdar ingkang dipun nashobaken tur dumawah pendamelan. Nahwu : qumtu ijlaalan lizaidin (saya berdiri karena mengagungkan zaid), waqofta ihtirooman libakrin (kamu berdiri karena memuliakan bakar)
10. Maf’ul ma’ahu inggih puniko isim ingkang mertelaaken setunggalipun kalimah ingkang dipun nashobaken tur dipun lampahi sareng-sareng kalian fa’il. Nahwu : jaa al amiiru wal jaisya (raja itu datang bersama-sama dengan tentaranya)
11. Kangge nomor 11 lan nomer 12 inggih puniko khobaripun kaana sak sederekipun lan inna sak sederekipun. Dene kekalihipun sampun katerangaken wonten ing bab ingkang sampu kliwat.
Bab Makhfudlotil Asmaa
Isim ingkang dipun jeraken puniko wonten 3 (tigo) inggih puniko ;
1. Dipun jeraken mawi huruf inggih puniko sedoyo kalimah isim ingkang dipun jeraken mawi huruf jer, mudz lan mundzu. Nahwu : jalastu ‘alal kursiyyi (saya duduk di atas kursi), ji’tu mudz/mundzu yaumil jum’ati (saya datang sudah dari hari jum’at)
2. Dipun jeraken mawi idloofah puniko dipun bagi dados 2 (kale) inggih puniko ;
a) idlofah dipun kira-kiraaken laam, nahwu : maalu zaidin (harta zaid) “dikira-kira maalu lizaidin [harta milik zaid]”.
b) idlofah dipun kira-kiraaken min, nahwu : baabu saajin (pintu kayu jati) “dikira-kirakan baabun min saajin [pintu dari kayu jati]”
3. Dipun jeraken mawi tawabi’. Dene tawabi’ puniko ugi sampun katerangaken wonten bab ingkang sampun kliwat inggih puniko na’at, ‘athof, taukid lan badal.
Wallohu a’lam
Menawi taksih wonten kekurangan, harap dipun maklumi
Alhamdulillahirobbil'aalamien

No comments:

Post a Comment